Kamis, 03 Maret 2016

Sya'ir Gus Dur Tanpo Waton #yaqines #SULUK


* Ngawiti ingsun nglaras syi'iran
Kelawan muji mareng Pengeran ,,
Kang pareng rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo bidungan .. 2x


* Duh bolo konco prio wanito
Ojok mung ngaji syare'at bloko ,,
Gor pinter ndongeng noles lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro .. 2x

* Akeh kang apal Qur'an - Haditse
Seneng ngafirke marang liyane ,,
Kafire dewe ndak di gatekke
Yen iseh kotor ati akale .. 2x

* Gampang kabojok nafsu angkoro
Eng pepaese gebyare ndunyo ,,
Iri lan meri sugie tonggo
Mulo atine beddeng lan nisto .. 2x


*Ayo sedolor jok nglale'ake
Wajibpe ngaji sak pranakane ,,
Nggo ngandelake iman tauhidte
Baguse sangu mulyo matine .. 2x

* Kang aran soleh bagus atine
Kerono mapan seri ngelmune ,,
Lagu thoreqot lan ma'rifate
Ugo hakekot manjeng rasane .. 2x

* Alqur'an qodem wahyu minulyo
Tanpo tinoles biso diwoco ,,
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake eng jero dodo .. 2x

* Kumantel ati lan pikiran
Merasok eng badan kabeh jeroan ,,
Mu'jizat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman .. 2x

* Kelawan Alloh kang Moho Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi ,,
Ditirakati diriyadhoi
Dzeker lan solok jok nganti lali .. 2x

* Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman ,,
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakder sakeng Pengeran .. 2x

* Kelawan konco dolor lan tonggo
Kang podo rukun ojok ngesio ,,
Iku sunnahe Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito .. 2x

* Ayo nglakoni sekabehane
Alloh kang bakal ngangkat drajate ,,
Senajan ashor toto zhohire
Anangeng mulyo maqom drajate .. 2x

* Lamun palastro eng pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane ,,
Den gadang Alloh swargo manggone
Otoh mayyite ugoh ulese .. 2x


Gus Dur & Gus Mus


_

Tidak ada komentar:

Posting Komentar